Postingan

Menampilkan postingan dari Maret, 2011

UPACARA TRADISIONAL WONTEN ING YOGYAKARTA

Wisata budaya kang asring katindakake dening masarakat lan Kraton Yogyakarta antarane Grebeg, Malem Siji Sura, lan Sekaten. Upacara Grebeg kang katindakake dening Kraton Kasultanan Yogyakarta dileksanakake kaping telu ing sajroning setaun, yaiku Grebeg Sawal ngepasi tanggal 1 Sawal taun Jawa, Grebeg Besar ngepasi tanggal 10 Besar (Dulhijah) taun Jawa, lan Grebeg Mulud ngepasi tanggal 12 Mulud (Maulud) taun Jawa. Saben Upacara Grebeg, Kraton ngetokake gunungan lanang wadon kang banjur kagawa menyang Mesjid Gedhe. Sawise didongani dening kyai utawa ulama, kekarone didum marang masarakat sing padha nonton kanthi rebutan. Ing Upacara Grebeg iki adate kairing dening prajurit-prajurit kraton sing duwe jeneng warna-warna, kayata wirabraja (lombok abang), prawiratama, daeng, ketanggung, jagakarya, nyutra,

Tari Tradisional Rondang Bulan (Tapanuli Selatan)

BUSANA JAWI

Gambar
Busana Jawi pancen kathah, awit pangagemipun dipun larasaken kaliyan kabetahan, sarta kawontenan ingkang ngagem. Liripun sampun ngantos kedadosan lare-lare agemanipun model tiyang sepuh. Lan suwalikipun. Mila lajeng busana ingkang dipun wastani:. Busana “Kasatriyan”: mligi Busana Kakung, ngagem: rasukan surjan. Nyamping wiron, lotong – kamus, iket Yogja, lan keris Yogja, selop polos , yen kagem pahargyan agung, ngagem asesori: Bros, lan kalung ulur utawi karset. Busana “Putri”, mligi putri, ngagem, rasukan kebaya Yogya, nyamping wiron, Ukelan utawi gelungan, saget tekuk utawi kondhe, yen kagem pahargyan resmi, ngagem asesori: “Peniti renteng, utawi bros. Busana “Sabuk Wala” mligi kagem lare putri, kang umur 13 tahun sapengandhap. Busana “Kencongan”, punika sabuk wala mligi lare jaler, prayogi boten ngagem iket. Ingkang sae gantosipun ngagem hiasan rambut utawi bulu-bulu, Busana “Pinjung”, busana mligi lare estri, ingkang sampun dewasa utawi “prawan kencur”, gelunga

Tuladha layang/serat

Layang anak marang wong tuwa. Bapak saha Ibu Joko Surasa Jln. Aip Mungkar Parakan Temanggung. Sembah sungkem, Kanthi lumantaring serat punika, kula ngaturi uninga bilih kawontenan kula ing Semarang tansah ginajar wilujeng nir ing sambikala. Menggah panyuwun kula dhumateng gusti Allah SWT, mugi - mugi kawontenanipun Bapak sah Ibu ugi mekaten. amin. Kajawi punika ingkang sepisan ingkang putra ngaturi priksa bilih kintunannipun arta sampun kula tampi rikal dinten minggu kapengkur. Arta punika sampun kula ginakaken kangge prabeya sekolah. Tirahanipun kangge nyekapi kabetahan wonten kos. Ingkang kaping kalih, kula ngaturi priksa bilih sekedhap malih badhe tes semesteran. Pramila kula nyuwun tambahing berkah pangestu mugi - mugi kula saged nglampahi tes semesteran punika kanthi biji ingkang sae, amin. Ing wusana cekap semanten rumiyen serat kula, sanes wekdal dipun sambet malih. menawi wonten kirang trapsilaning atur dhumateng

SERAT PRAJANJEN

SERAT PRAJANJEN Ingkang tapak asma ing ngandhap menika : Nama : Suparjan Padamelan : Wiraswasta Mapan ing : Sangonan,Sidorejo,Sleman, Yogyakarta Minangka pihak : I Damel prajanjen kaliyan : Nama : Sujiman Padamelan : Designer Pidalem ing : Sumberan,sumberagung,Moyudan ,sleman,Yogyakarta Minangka pihak : II Pihak I kaliyan II ngawontenaken prajanjen. Wondene isinipun prajanjen inggih menika : 1.Suzuki smashNo. AB 4260 KE kagunganipun pihak II dipuntumbas pihak I rikala tanggal 31 Maret 2011 kanthi regi Rp10.000.000,00 (sepuluh yuta rupiah). 2.Dene caranipun mbayar : pihak I kanthi nyicil dhumateng pihak II saben wulan wiwit tanggal 28 maret 2011 ngantos 20 Juni 2012. Saben cicilan Rp 500.000,00 (limangatus ewu rupiah). 3.Menawi wonten prakawis ingkang dumados sadangunipun wekdal prajanjen, badhe karampungaken kanthi pasedherekan. Kula, Pihak II Piha

KESENIAN TRADISIONAL YOGYAKARTA

Kota Yogyakarta masuwur deneng kesenian tradisionalipun ingkang maneka warna.Ingkang kagungan cirikhas piyambak-piyambak. Sakmenika contonipun kesenian tradisional ingkang wonten ing Ngayogyokarto. WAYANG Wayang wonten bentuk ingkang aslinipun inggih menika kreasi budoyo tiyang jowo ingkang nggaadahi manekawarna aspek budoyo jowo. Wayang sampun wonten sakderengipun budoyo Hindu mlebet wonten ing Indonesia. Naliko jaman Neolitikum pagelaran wayang namung kawujud upacara-upacara keagamaan ingkang kaselenggaraaken wonten ing wanci dalu ingkang dipersembahaken kagem “Hyang”. Pqagelaran wayang critanipun nggambaraken crita kepahlawanan ingkang wonten ing mitologi. Wonten ing jaman sakmenika pagelaran wayang sampun benten kaliyan pagelaran wayang ing jaman ndisik. Jaman ndisik wayang digambaraken miturut wajah parasepuh. Tiyang jawi seneng ningali wayang amergi critanipun katah pelajaran-pelajaran ingkang migunani lan saget didadosaken tuntunan ing ndalem nglakoni gesang ing ma

Mitos Ratu Kidul dadi pancadan paprentahan ing karaton

Kacihna majune teknologi komunikasi lan informasi nuwuhake budaya anyar lan nggawe ”rusake” kabudayan Jawa, ananging wong Jawa tetep ngugemi landhesan urip kang gegayutan kalawan anane titah ora kasat mata. Landhesan urip kang isih ngugemi anane titah ora kasat mata iki raket gandheng cenenge kalawan kepriye sejatine wong Jawa urip ing donya. Lire, kapercayane wong Jawa ing babagan urip lang panguripan ora bisa uwal saka perangan jagad cilik (mikrokosmos) lan jagad gedhe (makrokosmos), keplase uga gegayutan kalawan alam kasat mata lan alam datan kasat mata. Salah sijine kapercayan kang dikarepake yaiku wong Jawa, mligine kang urip ing tlatah Yogyakarta lan Solo, nganggep lan yakin yen samodra kidul iku awujud karaton kang dikuwasani dening Kangjeng Ratu Kidul. Tumrap wong Jawa kaprah, lire ora duwe pangerten jero babagan filosofi kebatinan Jawa lan uga adoh saka karaton, Kangjeng Ratu Kidul dianggep sawijining titah badan alus kang wujude kayadene manungsa lan nglenggah