BUSANA JAWI
Busana Jawi pancen kathah, awit pangagemipun dipun larasaken kaliyan kabetahan, sarta kawontenan ingkang ngagem. Liripun sampun ngantos kedadosan lare-lare agemanipun model tiyang sepuh. Lan suwalikipun. Mila lajeng busana ingkang dipun wastani:. Busana “Kasatriyan”: mligi Busana Kakung, ngagem: rasukan surjan. Nyamping wiron, lotong – kamus, iket Yogja, lan keris Yogja, selop polos , yen kagem pahargyan agung, ngagem asesori: Bros, lan kalung ulur utawi karset. Busana “Putri”, mligi putri, ngagem, rasukan kebaya Yogya, nyamping wiron, Ukelan utawi gelungan, saget tekuk utawi kondhe, yen kagem pahargyan resmi, ngagem asesori: “Peniti renteng, utawi bros. Busana “Sabuk Wala” mligi kagem lare putri, kang umur 13 tahun sapengandhap. Busana “Kencongan”, punika sabuk wala mligi lare jaler, prayogi boten ngagem iket. Ingkang sae gantosipun ngagem hiasan rambut utawi bulu-bulu, Busana “Pinjung”, busana mligi lare estri, ingkang sampun dewasa utawi “prawan kencur”, gelunga
Komentar
Posting Komentar